Cerkak Bahasa Jawa
KESUPEN Dening: Helfmia Ristyanty Sumilir angin liwat ing ngarepku Ana antarane godhong - godhong kang wus garing Gemrisik keprungu swarane Dene srengenge abang mbranang Saka kulon katon nyenengake Sore iku Sarika lingguh-lingguh ning ngarep omahe, karo njajal nggarap tugase saka pak Doni guru bahasa jawane nggawe geguritan bahasa jawa kang bebas temane. Rika wis nemtokake temane, yaiku dheweke arep njunjung tema ngenani penggawean sabendina. ”Rik! Rika!” Celuke Sindi saka plataran omahe Rika. ”Ana apa ta Sin? Dengaren wis teka kene?” Takone Rika. “Hehehe... iya Rik. Aku arep takon ngenani tugase pak Doni nggawe geguritan kae lo” Sindi langsung lingguh ning ngarepe Rika. “Ooh... Sin awakmu ora kelalen samubarang?” Takone Rika. “Kelalen apa lo maksudmu?” Takone Sindi bingung. “Halah, wis lali tenan” Jawabe Rika karo mesam mesem. “Aja nggarahi aku bingung ta Rik” Ujare Sindi mundhak ...