Cerkak Bahasa Jawa

KESUPEN
Dening: Helfmia Ristyanty

Sumilir angin liwat ing ngarepku
Ana antarane godhong-godhong kang wus garing
Gemrisik keprungu swarane
Dene srengenge abang mbranang
Saka kulon katon nyenengake

Sore iku Sarika lingguh-lingguh ning ngarep omahe, karo njajal nggarap tugase saka pak Doni guru bahasa jawane nggawe geguritan bahasa jawa kang bebas temane. Rika wis nemtokake temane, yaiku dheweke arep njunjung tema ngenani penggawean sabendina.

”Rik! Rika!” Celuke Sindi saka plataran omahe Rika.

”Ana apa ta Sin? Dengaren wis teka kene?” Takone Rika.

“Hehehe... iya Rik. Aku arep takon ngenani tugase pak Doni nggawe geguritan kae lo” Sindi langsung lingguh ning ngarepe Rika.

“Ooh... Sin awakmu ora kelalen samubarang?” Takone Rika.

“Kelalen apa lo maksudmu?” Takone Sindi bingung.

“Halah, wis lali tenan” Jawabe Rika karo mesam mesem.

“Aja nggarahi aku bingung ta Rik” Ujare Sindi mundhak bingung. Karo kukur-kukur sirahe sing ndak gatel.

“Hhhh... sing tak maksud iku, awakmu lali ora salam, langsung lingguh ae” Ujare Rika ethok-ethok mrengut.

“Owh iya. Sorry-sorry” Banjur ngadek, mlaku nggae sandal.

“Loh arep nengdi ta Sin?
Hemh, jarene mau salame lali? Saiki aku arep salam,assalamualaikum" Ujare Sindi nyepot sandal banjur nyedaki Rika.

“Waalaikumsalam” Jawabe Rika karo mrenges.

“Wis, saiki aku arep takon. Piye tugas geguritanmu wis mari opo durung? Takone Sindi.

“Iki aku lagi nggarap, geguritanmu uwis opo durung?” Jawabe Rika karo nunjuk geguritane.

“Aku isih bingung arep nggae tema apa” Jawabe Sindi melas.
Rika mung manthuk-manthuk. Dheweke kaya ngeling-ngeling samubarang, banjur jegegal ngadek.

“Astagfirullahaladzim, ana apa ta Rik kok ngaget-ngageti?” Sindi njumbul.

“Ya Allah, Sin aku lali, mau aku diutus Ibu tumbas gula” Ujare Rika nepuk bathuke.

“Lah terus piye?”

“Rik! Endi gulane sing tak kon numbasne mau?” Pitakone ibune Rika metu saka njeromah.

“Eh, ana nduk Sindi, wis suwi nduk?” Ibune Rika.

“Sampun dangu buk” Jawabe Sindi sopan banjur salim kaliyan ibune Rika.

“Heh Rik! Endi gulane mau?” Pitakone ibune Rika maneh.

“Anu buk, kula kesupen” Jawabe Rika wedi.

“Piye ta Rik, diutus kok ndak nggatekne” Ujare ibune Rika gedhek-gedhek.

“Kula nyuwun pangapunten buk” Ujare Rika sedih.

“Wis ndak apa-apa, saiki ndang kana tukokna” Utuse ibuke Rika.

“Inggih buk kula budhal, assalamualaikum? Pamite Rika. Rika banjur enggal njipuk sepedhah onthele lan ning warunge bu Mini sing cedhak saka omahe.

“Buk, kula badhe wangsul rumiyen nggih, mpun sonten niki, assalamualaikum” Sindi pamitan lan salim.

“Oh iya Sin, waalaikumsalam, sing ngati-ngati” Sawise Sindi mulih, ibune Rika banjur mlebu omah.

Sesuke...

Esuk iku Rika wis teka kelase, dheweke bajur mlebu kelas sing bocahe rata-rata pada rame amarga dina iku ana PR ngarang geguritan. Rika mlebu kelas lan lingguh ning bangkune.

“Eh Rik, awakmu wis eruh ta bakal enek murid anyar seangkatane awake dina iki?”  Pitakone Elsa sing panggone ning ngarep bangkune Rika.

“Mendahlo? Gek bakal masuk ning kelas apa?” Rika semaur.

“Ning kelas sebelahe awake, XII IPS 3” Jawabe Elsa.

“Ooh”

“Rik! El!” Sindi sing sektas teka nggebrak meja ning ngarepe Rika karo Elsa.

“Innalillahi, ana apa ta Sin?” Teka-teka wis heboh ujare Elsa pegel.
Saurunge njawab Sindi sek ngatur ambekane sing ngos-ngosan.

“Huuft... aku maeng ya ning koridor sek tas kecethukan bocah buagus banget, subhanallah” Ujare Sindi karo mesam mesem.

“Ooh kuwi paling murid anyare, krungu-krungu bocahe iku nyatu ngganteng, anteng lan sopan lo” Jelase Elsa semangat.

Rika lan Sindi mung manthuk-manthuk krungu pituture Elsa. Rika lagek mikir.

“Sapa ta jeneng murid anyare?” Pitakone Rika.

“Eee... sapa ya? Lek ndak salah jenenge Aldo Hermansyah kayanan” Jawabe Elsa. Elsa iku bocah sing ndak bakal ketinggalan pawarta apa wae sing ana ning sekolahane dhewe lan sekolahan liyane.

“SAPA?! ALDO HERMANSYAH?!” Rika mbengok  ning ngarepe kancane loro mau, atine rasane ndak karuan, dhadhane kaya sesek.

“Ginia Rik? Awakmu kenal ta karo Aldo?” Pitakone Sindi kang penasaran ingkang banget.

“Eh..anu..anu apa kuwi” Rika gelagepan.

“Hayo anu apa?” Selidike Sindi lan
Elsa.

“Anu... kuwi... Aldo iku mantanku” Jawabe Rika lirih.

“APA?! MANTANMU?!” Sindi lan Elsa mbengok bareng tur banter.

“Shuuut... aja banter-banter” Ujare Rika wedi keruan kancane liyane.

“Sepurane, awakmu ndak ngapusi ta Rik?” Takone Elsa.

“Aldo iku mantanku pas SMP” Ujare Rika lirih ora semaur pitakone Elsa mau.

“Nyangapa kok putus?” Genten Sindi sing takon.

“Amarga dheweke pindah ning luar negeri pas SMA lan kaliyan Ibune ora direstui”  Caritane Rika sedih.

“Hemh... sing sabar ya Rik, lek wis jodho musti bakal kepethuk maneh” Ujare Sindi ngetokne tembung-tembung bijake.

“Iya kayata saiki, Aldo pindah sekolah ning kene, wis mesti jodho iku” Sambunge Elsa karo ndulit lengene Rika.

“Ammin” Jawabe Elsa lan Sindi bareng.

Rika ngguya-ngguyu eroh kancane loro sing penak diapusi iku. Sing bener Rika iku mung ekting, tujuane Rika mung guyon lan ndudohne bakate ekting.

“Ekhem! Uduk maksutku sombong ya?” Tapi aku mung arep takon. Piye cah apik apa ora lekku ekting?” Pitakone Rika.

“Hem, maksute?” Takone Sindi lan Elsa bingung.

“Lekku ekting mau lo, apik?” Takone Rika maneh karo ngunggah medhune alise.

“Hah! Dadi kuwi mau mung ekting?” Takone Elsa bingung.

“Hehehe iya lah mau mung ekting, aku pacarane ndak tau, kok mara-mara nduwe mantan prakya lucu tur aneh, iya ra?” Ujare Rika karo ngguyu-ngguyu.

“Lah nanging mau jaremu...” Sindi mundhak bingung karo kanca cedhake sing siji iku.

“Awakmu ki piye ta Sin? Awake kan lek kancanan wis kawet SMP, kok ya ndak ngerti lek aku tau pacaran apa ora. Aku kan nyekel prinsip JOMBLO SAMPAI HALAL”  Ujare Rika ndak salah open karo kancane kawet SMP iku.

“Iya ya! Awake wis kancanan kawet SMP, aku kok ndak nyangka kawet mau ta alah!”  Ujare Sindi karo ngeplak bathuke.

“Hahahaha” Kabeh bocah telu mau ngguyu-ngguyu ndak nyangka lek Rika pinter ekting, senajan Sindi lan Elsa ngerti yen Rika iku wakile ekstrakurikuler theater.

Wektu ngaso ning kantin...

“Rika?” Takone bocah lanang kang bagus marang Rika.

“Nggih kula Rika. Sinten nggih?” Rika semaur kang sopan amarga durung tau kenal.

“Aldo Hermansyah?” Jawabe bocah lanang mau karo nyalami Rika lan mesem.

“Ooh Aldo. Sarika Martilda” Rika mbales tangane Aldo karo mesem.

“Ehm krungu-krungu awakmu wakil ketuane ekstrakurikuler theater ya?” Takone Aldo.

“Iya, ana apa pancene?” Semaure Rika.

“Aku pengen gabung ning ekstra kuwi, awakmu isa mbantu aku ning njero ekstra kuwi ta?” Aldo takon.

“Isa isa ae, sing penting sregep mlebune, ndang nyandake lan kenek dijak bareng-bareng” Jelase Rika.

Siap!” Jawabe Aldo semangat.

“Wis ya aku arep nemoni kancaku ning kelas, matur suwun ya Rik”

“Oh iya! Aja lali dina kumpulane mben dina Rebo lan Sebtu” Serune Rika  marang Aldo sing wis mlaku ngaleh.

Ok ok” Jawabe Aldo karo dha-dha.

Sawise Aldo ngalih, Rika nerusne lek mangan bakso sing wis dipesen mau. Rika mangan baksone cepet amarga dheweke keluwen kawit isuk durung mangan apa-apa. "Alhamdulillah" Guneme Rika wayah bakso lan es tehe wis entek, Rika banjur mbayar total regone sing dipesen mau marang ibu kantin.

“Rik! Awakmu dirantosi pak Beni” Tuture Elsa sing mlaku nyedhaki Rika.

“Ana apa? Oh iya! Ya Allah! Masyaallah! Pikunku kumat maneh!” Ujare Rika karo nuthuki sirahe sareh.

“Mulane watek pikunmu kuwi aja kok biasakne. Maleh ngunu kuwi ta?” Akeh penggawean sing kok lalekne

Rika mung bisa pasrah, arep dikapak-kapakna watek pikune kuwi angel diilangne.

“Wis gek ndang ngadhepa pak Beni kana! Eh Rik sing ngati-ngati ya? Mau pak Beni ketoke sirahe wis ngetokne sungu lo Rik” Ujare Elsa ngeden-ngedeni Rika.

“Hemh... bismillah muga ndak didukani pak Beni” Guneme Rika nenangne batine dhewe.

Bar nggunem kaya mengkunu kuwi mau, Rika langsung ngadhep pak Beni ning ruang guru. Rika pancen wedi didukani kaliyan pak Beni, nanging dheweke kudu tanggung jawab marang tugase lan kelakuane.

Satekane ning ruang guru, Rika langsung ngadhep pak Beni ning mejane, lan nyuwun pangapura ingkang kathah marang pak Beni, ning kunu Rika didukani kaliyan pak Beni, amarga Rika wis nyepelekne lan ora nggatekne nalika diwelingi wong liya.

Mula saka dina kuwi Rika janji bakal ngurangi watek pikune, dheweke uga janji bakal nggatekake nalika dikandhani utawa diwelingi wong liya. Lek dipikir-pikir Rika iku aneh, lek ngenani bab drama utawa ekting, dheweke mesti cepet tanggap lan ora bakal pikun. Nanging lek ngenani bab sakliyane kuwi dheweke akeh pikune.


Biodata Panyerat

Jeneng    : Helfmia Ristyanty Karta Eka Praja
Alamat   : RT. 008, RW. 002, Ds. Gador, Kec. Durenan, Kab. Trenggalek
Kode pos: 66381
Telp        : 082337081191
E-mail    : helfmia28@gmail.com
Sekolah  : SMAN 1 DURENAN
Tataran   : XII-IPS 4 / 15

Komentar